Senin, 21 Juli 2014

P3 UKM KARATE “INKAI” UNY

Bantul – Tanggal 8-9 Februari 2014 Unit Kegiatan Mahasiswa Karate “INKAI” Universitas Negeri Yogyakarta (UKM Karate) ngawontenaken Pembekalan dan Pemantapan Pengurus utawi ingkang kawastanan P3 wonten ing Wisma Anoman, Parangtritis, Yogyakarta. Acara P3 inggih menika acara pelantikan pengurus enggal dening pengurus lami UKM Karate. P3 menika kalebet program kerja pengurus UKM Karate ingkang sampun lengres nalika Musyawarah Anggota tanggal 28 Desember 2013, ateges ingkang ngawontenaken saha mandegani acara inggih menika pengurus lami UKM Karate ingkang boten kalebet wonten ing kapengurusan malih.