Kamis, 30 Januari 2014

WhatsApp BALI WhatsApp JAWA?

Bali, Pulau Dewata, Permata Indonesia utawi ingkang dipunwastani ugi Paris Indonesia. Pulau ingkang saben-saben papan inggih menika wisata. Pulau alit ingkang wonten ing wetanipun Jawa ananing masarakatipun kathah sanget, boten kajawi turis ugi, turis domenstik utawi turis manca. Pulau ingkang pitadosanipun kathah-kathahipun inggih menika Hindu, saged katingal sanget saking budaya ingkang wonten ngrika. Kadosta, maringi sajen wonten ing ngajengan, ngajeng toko, dalem, panggung, kampus, utawi ngajengan papan sanesipun. Bangunan-bangunanipun ugi taksih kenthel sanget kalian hindu.

NELANGSANE GURU BASA INGGRIS SD

Wewaran asilipun ingkang lolos seleksi pandaftaran CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) taun 2013 sampun medal wonten ing tanggal 24 September 2013 kala wingi. Asilipun inggih menika 637 pandaftar wonten ing bidang Tenaga Guru, 3.098 pandaftar wonten ing bidang Tenaga Kesehatan, saha 9.757 pandaftar wonten ing Tenaga Teknis, ingkang dipunetang dados 13.492 pandaftar. Pengumuman menika katingal jomplang menawi dipuntingali saking kathahipun tiyang ingkang dipunpundhut dening Pemerinteh Daerah Daerah Istimewa Yogyakarta (Pemda DIY) inggih menika namung 120 tiyang.

'JOMPLANGANING' PENDAFTARAN CPNS 2013

Namung dipunpundhut 0,008% saking kathahipun pandaftar
Yogyakarta – Pandaftaran CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) tahun 2013 sampun dipunumumaken dening Pemerintah Daerah, boten kesupen ugi Pemerintah Daerah Daerah Istimewa Yogyakarta (Pemda DIY) ingknag samenika sampun ngedalaken pengumuman pandaftaran CPNS menika. Pawarta menika ketingal sanget bilih dados waosan paling nginggil wonten ing antawisipun masyarakat, utamanipun tiyang-tiyang ingkang anggadhahi prakarya ingkang taksih jangkepi anggenipun tumut pandaftaran CPNS menika. Bidang ingkang dipunbika inggih menika Tenaga Guru ingkang dipunudhar dados 4 jabatan, Tenaga Kesehatan ingkang dipunudhar dados 13 jabatan, saha Tenaga Teknis ingkang dipunudhar dados 32 jabatan.

K-Pop, BUDAYA ING MADYANING BUDAYA

Sinten ingkang boten mangertosi istilah K-Pop menika? K-Pop inggih menika genre utawi jenis musik saking Negara Gingseng, Korea, kadosta Boyband saha Girlband menika. Wonten malih istilah K-Popers, inggih menika istilah kangge tiyang-tiyang, wiwit alit saha dewasa ingkang kathah-kathaipun lare-lare nem, ingkang sami remen kaliyan Boyband saha Girlband saking Korea menika, utawi wastanan sanesipun inggih menika tiyang K-Pop. Boyband saha Gilrband inggih menika panembang lagu ingkang nembangaken lagu sareng-sareng saget tiyang 5 utawi langkung saking 10, saha nembangipun saweg beksan sareng-sareng,

'JONTROK-JONTROKANING' PEKEN ELEKTRONIK

Sampun sami dipunmangerteni bilih wonten pirang-pirang piranti rumahtangga kadosta TV, kulkas, saha mesin cuci, ingakng nyerat merk kadosta Sharp, Toshiba, saha Panasonic ingkang sedayanipun dipundamel dening Negari Jepang. Negara Jepang menika kathah-kathahipun damel piranti otomotif saha elektronik. Ananging samenika piranti Jepang sampun wiwit dipungusur dening tangganipun inggih menika Negari Korea. Korea samenika samput miwiti jumengen kaliyan piranti elektronikipun. Boten namung piranti rumahtangga kemawon, Korea ugi wiwit amenangi wonten ing babagan budaya inggih menika budaya ingkang kawastanan K-Pop. Sinaosa damelan Jepang taksih nggadhahi kwalitas saha papan piyambak wonten ing masyarakat Indonesia, ananging Korea