Senin, 21 Juli 2014

P3 UKM KARATE “INKAI” UNY

Bantul – Tanggal 8-9 Februari 2014 Unit Kegiatan Mahasiswa Karate “INKAI” Universitas Negeri Yogyakarta (UKM Karate) ngawontenaken Pembekalan dan Pemantapan Pengurus utawi ingkang kawastanan P3 wonten ing Wisma Anoman, Parangtritis, Yogyakarta. Acara P3 inggih menika acara pelantikan pengurus enggal dening pengurus lami UKM Karate. P3 menika kalebet program kerja pengurus UKM Karate ingkang sampun lengres nalika Musyawarah Anggota tanggal 28 Desember 2013, ateges ingkang ngawontenaken saha mandegani acara inggih menika pengurus lami UKM Karate ingkang boten kalebet wonten ing kapengurusan malih.

Wiwit Setu siyang pengurus lami saha pengurus enggal sampun saweg bidhal saking Student Centre UNY tumuju Wisma Anoman, Parangtritis. Acara dipunwiwiti kanthi pitepangan pengurus enggal saha bagi pengalaman bab lampahing kapengurusan UKM Karate. Kegiyatan pitepangan menika ugi dipunrawuhi pandega UKM Karate sadereng-derengipun supados anggenipun bagi pangalaman saha diskusi saged langkung sae. Dalunipun wonten materi ingkang dipunandharaken dening Pembina UKM Karate inggih menika Sensai Danardono, M. Or, kanthi materi bab organisasi minangka team. Menika wos kegiyatan saking P3. Enjingipun kegiyatan dipunlajengaken mawi pinten-pinten dolanan, ancasipun kangge guyubaken pengurus enggal saha pengurus lami.
Sedaya kegiyatan karampungan wekdal siyang dinten Minggunipun. Acara kalampahan kanthi reja. Asiling acara inggih menika antawisipun pengurus enggal ingkang kathah-kathahpiun taksih dereng sami tepang sampun sami tepang saha boten wedi-wedi malih menawi badhe sasapa. (Fithria Nur Halimah_11205244024)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...