Senin, 21 Juli 2014

P3 UKM KARATE “INKAI” UNY

Bantul – Tanggal 8-9 Februari 2014 Unit Kegiatan Mahasiswa Karate “INKAI” Universitas Negeri Yogyakarta (UKM Karate) ngawontenaken Pembekalan dan Pemantapan Pengurus utawi ingkang kawastanan P3 wonten ing Wisma Anoman, Parangtritis, Yogyakarta. Acara P3 inggih menika acara pelantikan pengurus enggal dening pengurus lami UKM Karate. P3 menika kalebet program kerja pengurus UKM Karate ingkang sampun lengres nalika Musyawarah Anggota tanggal 28 Desember 2013, ateges ingkang ngawontenaken saha mandegani acara inggih menika pengurus lami UKM Karate ingkang boten kalebet wonten ing kapengurusan malih.

Senin, 03 Februari 2014

ECZEMA

Alergi ingkang Dipunturunaken
Istilah Eksim (eczema) utawi Desmatitis inggih menika istilah dokter kangge mastani radang kulit inggih menika kulit dados abrit saha gatel. Eksim inggih menika salah satunggaling alergi ingkang dipunturunaken dhateng anak utawi biasanipun putu ananging boten nular dhateng tiyang sanes. Penyebab Eksim antawisipun amargi kulit lembab saha sistem imun (kekebalan tubuh) ingkang kirang. Ananging miturut dokter, penyebab Eksim saben tiyang beda-beda, saged ugi amargi stress utawi kathah pikiran. Gejala eksim ingkang sapisan inggih menika gatel. Gatel ingkang sanget. Gatel menika kadang-kadang saderengipun kulit dados abrit. Lajeng kulit karaos kering saha kandel.

PROGRAM KERJA TAUNAN

Ormada Lomba Buka Lapak
Bojonegoro Organisasi Mahasiswa Daerah utawi ingkang kawastanan Ormada inggih menika organisasi ingkang ngemot para mahasiswa saking satunggal dhaerah. Kathah-katahipun saben Perguruan Tinggi anggadhahi Ormada saking pinten-pinten dhaerah. Salah satunggaling Ormada ingkang kathah kasebar wonten pinten-pinten Perguruan Tinggi inggih menika saking dhaerah Bojonegoro. Wonten ing Institut Teknologi Sepuluh November, mahasiswa saking Bojonegoro kaimpun wonten ing Ormada ingkang kawastanan Forbits (Forum Bocah Bojonegoro Institut Teknologi Sepuluh November). Nama menika beda kaliyan mahasiswa saking Bojonegoro ingkang kuliah wonten ing Universitas Brawijaya ingkang kawastanan BSB (Brawijaya Student of Bojonegoro) saha Universitas Negeri Malang ingkang kawastanan (Himpunan Mahasiswa Bojonegoro).

KARATE, UJIAN KYU DAMEL IREN

Jogja– Minggu, 22 Desember 2013, wonten ing gedhung BPKB (Balai Pengembangan Kegiatan Belajar) Jogja, dipunwontenakaken ujian penurunan Kyu kangge para karateka (sebataning anggota karate). Ujian penurunan Kyu inggih menika ujian gantos tingkatan sabuk karate. Ujian menika dipunwontenaken dening Pengprov (Pengurus Provonsi) DIY sasaranipun para karateka INKAI (Institut Karate-do Indonesia) sa-DIY. Pasarta ujianipun wonten 400 karateka wiwit saking sabuk pethak dumugi coklat ingkang dipunuji dening sabuk cemeng. Ujian ingkang dipunwontenken saben 6 wulan sapisan menika dipunpandegani dening Khaerina Harsamurti,