Senin, 03 Februari 2014

KARATE, UJIAN KYU DAMEL IREN

Jogja– Minggu, 22 Desember 2013, wonten ing gedhung BPKB (Balai Pengembangan Kegiatan Belajar) Jogja, dipunwontenakaken ujian penurunan Kyu kangge para karateka (sebataning anggota karate). Ujian penurunan Kyu inggih menika ujian gantos tingkatan sabuk karate. Ujian menika dipunwontenaken dening Pengprov (Pengurus Provonsi) DIY sasaranipun para karateka INKAI (Institut Karate-do Indonesia) sa-DIY. Pasarta ujianipun wonten 400 karateka wiwit saking sabuk pethak dumugi coklat ingkang dipunuji dening sabuk cemeng. Ujian ingkang dipunwontenken saben 6 wulan sapisan menika dipunpandegani dening Khaerina Harsamurti,
mahasiswa Fakultas Ilmu Keolahragaan Universitas Negeri Yogyakarta angakatan 2011.
Biasanipun gashuku (latian sareng saderengipun ujian) dipunwontenaken wiwit sabuk pethak dumugi coklat, lajeng ujianipun dipunwiwiti urut saking sabuk pethak dumugi coklat. Ananging ujian kala wingi beda. Gashuku dipunwontenaken namung kangge sabuk ijem dumugi coklat. Gashuku dipunwontenaken dinten Sabtunipun (21/12). Dados ujian dinten Minggunipun dipunwiwiti saking sabuk ijem lajeng biru, nembe pethak lajeng kuning, ingkang pungkasanipun sabuk coklat. Amargi gashuku-nipun beda, sabuk kuning boten saged loncati sabuk. Loncat sabuk inggih menika Kyunipun langsung ngandhap kalih utawi langkung saking kalih. Tuladhanipun, sabuk kuning Kyu 8 saged langsung dados Kyu 5 lajeng dados sabuk ijem. Ujian loncat sabuk menika sareng kaliyan sabuk ingkang dipunloncati. Perkawis menika dadosaken sabuk kuning iren kaliyan saha kuciwa amargi sabuk ijem sampun ujian rumiyen saderengipun sabuk kuning, dados boten saged loncat sabuk mawi tumut ujianipun ingkang sabuk ijem.
Boten wonten alasan ingkang cetha babagan menika. Ananging ingkang dipunandharaken dening ingkang sabuk cemeng, Pengprov wiwit menika sampun pilih-pilih pundi ingkang saged serius saha bener-bener sae. Sabuk kuning menika karateka tengah ingkang siap mateng dados atlit, dadosipun kedah dipunolah kanthi temen, sampun loncat sabuk. Sabuk ijem ingkang saged loncat sabuk anggadhahi kawajiban tumut latian pusat saben seminggu kaping tiga wonten ing Dojo pusat, Dojo Samawi. Menawi mekaten, tegesipun ujian salajengipun ugi ginakaken sistem samenika. (Fithria Nur Halimah-11205244024)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...