Kamis, 30 Januari 2014

'JONTROK-JONTROKANING' PEKEN ELEKTRONIK

Sampun sami dipunmangerteni bilih wonten pirang-pirang piranti rumahtangga kadosta TV, kulkas, saha mesin cuci, ingakng nyerat merk kadosta Sharp, Toshiba, saha Panasonic ingkang sedayanipun dipundamel dening Negari Jepang. Negara Jepang menika kathah-kathahipun damel piranti otomotif saha elektronik. Ananging samenika piranti Jepang sampun wiwit dipungusur dening tangganipun inggih menika Negari Korea. Korea samenika samput miwiti jumengen kaliyan piranti elektronikipun. Boten namung piranti rumahtangga kemawon, Korea ugi wiwit amenangi wonten ing babagan budaya inggih menika budaya ingkang kawastanan K-Pop. Sinaosa damelan Jepang taksih nggadhahi kwalitas saha papan piyambak wonten ing masyarakat Indonesia, ananging Korea
ugi saged mlebet wonten ing salebetipun prasaingan menika, sahengga masyarakat ugi mriksani damelan Korea menika.
Sinaosa piranti elektronik caket kaliyan kreativitas teknologi, tegesipun boten dados ingkang sae piyambak wonten peken. Amargi konsumen Indonesia taksih ningali regi saha damelan sinten ingkang dados kapitadosan. Dados, sinaosa damelan Cina menika langkung mirah anganging taksih kalah wonten ing peken prasaingan. Kreativitas saha fitur utawi aplikasi dereng dados babagan utama kangge masyarakat Indonesia. Tuladhanipun TV ingkang nggadhahi fitur standatr utawi biasa menika langkung kathah pamundhutipun tinimbang TV ingkang nggadhahi maneka warna fitur.
Merk ingkang katingal wonten ing prasaingan inggih menika LG saha Sharp ingkang sami-sami damel piranti awujud AC, mesin cuci, saha kulkas, sinaosa Sharp langkung inggil wonten ing prasaingan kulkas. Ananging LG sampun saged damel piranti ingkang awujud HP (Handphone). Lajeng Sharp boten purun kalah, piyambakipun samenika nembe bangun prabrik enggal wonten ing  Karawang International Industrial City (KIIC). Lajeng nembe-nembe samenika wonten Samsung ingkang miwiti damel kulkas ugi.
Saking sedaya merk damelan Jepang saha Korea menika, peken Indonesia dados papan ingkang trep sanget kangge nyade sedaya piranti menika amargi peken Indonesia samenika katingal enggal miturut Jepang.
Menawi dipunpirsani saking kabetahanipun masyarakat Indonesia, wonten pirang-pirang gambaran babagan pamundhutan konsumen Indonesia. Kinten-kinten mesin cuci saha kulkas menika badhe manginggil 20% ananging TV dados mangandhap 90%. Ingkang badhe manginggil dhuwur inggih menika AC, amargi samenika kathah ingkang bangun perumahan saha apartemen. (Fithria Nur Halimah-11205244024)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...