Wewaran asilipun
ingkang lolos seleksi pandaftaran CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) taun 2013
sampun medal wonten ing tanggal 24 September 2013 kala wingi. Asilipun inggih
menika 637 pandaftar wonten ing bidang Tenaga Guru, 3.098 pandaftar wonten ing
bidang Tenaga Kesehatan, saha 9.757 pandaftar wonten ing Tenaga Teknis, ingkang
dipunetang dados 13.492 pandaftar. Pengumuman menika katingal jomplang menawi
dipuntingali saking kathahipun tiyang ingkang dipunpundhut dening Pemerinteh
Daerah Daerah Istimewa Yogyakarta (Pemda DIY) inggih menika namung 120 tiyang.
Jomplangan menika
wonten ingkang dados begjan ugi wonten ingkang dados masalah. Kabegjanan saged
katingal kangge Ngatwanto saking Bentak, Kec. Sidoharjo, Kab. Sragen ingkang
daftar wonten ing bidang Tenaga Kesehatan jabatan Dokter Spesialis Paru-paru. Dipunarani begja amergi namung piyambakipun
kemawon ingkang daftar kamangka ingkang dipunpudnhut dening Pemda DIY ugi
namung satunggal tiyang kemawon. Saking menika sampun saged dipunanalisis bilih
Ngatwanto menika badhe lolos dados PNS. Ananging kosok balen saking Ngatwanto,
Salsabila (samaran) ngraos bilih wewaran asil menika dados masalah kangge
piyambakipun.
Salsabila, 31 th, guru
Basa Inggris wonten ing salah satunggaling Sekolah Dasar (SD) swasta menika
daftar wonten ing bidang Tenaga Teknis jabatan Instruktur Bahasa ingkang dipuntumuti dening 1.491 tiyang ananging
ingkang dipunpundhut namung 2 tiyang. Piyambakipun ngendika bilih wonten kathah
perkawis dumugi piyambakipun daftar CPNS menika. Salah satunggalipun amarga kwewaran
Dinas Pendidikan bilih Basa Inggris dipunicalaken saking SD, kamangka
piyambakipun sampun makarya dados guru Basa Inggris wiwit 5 taun kepungkur.
Sinaosa ugi kathah guru SD ingkang langkung dangu tinimbang piyambakipun,
ananging raosipun boten namung Salsabila kemawon ingkang bingung kedah pindah
dhateng pundi, ananging guru-guru Basa Inggris SD sanesipun ugi bingung kados
pundi.
Pemerintah sampun
maringi waosan bilih Basa Inggris dipunicalaken saking SD. Wewaran samenika
dados masalah kangge guru-guru Basa Inggris SD lajeng guru-guru Basa Inggris SD
menika kathah ingkang mlayu dhateng jabatan Instruktur
Bahasa wonten ing bidang Tenaga Teknis, amargi wonten ing bidang Tenaga
Guru boten wonten pilian dados guru Basa Inggris utawi ingkang maringi sarat
ijazah Pendidikan Bahasa Inggris/Sastra Inggris. Kamangka Instruktur Bahasa
menika sanes makarya dados guru, ananging makarya wonten ing kantor dinas.
Miturut Salsabila,
wewaran pemerintah menika lepat sanget. Piyambakipun mangsuli mawi
pirang-pirang perkawis, inggih menika ingkang dipunsebataken “Kaping sapisan,
sekolah ingkang kathah piyambak inggih menika SD lajeng mata pelajaran Basa
Inggris sampun wonten wiwit kala biyen, menawi samenika dipunicalaken, lajeng
guru-guru SD ingkang kathahipun nglangkungi jumlahipun SD menika badhe tindak
dhateng pundi? Kaping kalih, menawi badhe pindah wonten ing SMP utawi SMA,
sampun mesthi bilih wonten ing SMA saha SMP menika sampun gadhah guru Basa
Inggris piyambak, ingkang kaping tiga, menawi boten angsal papan gantos
makarya, menapa kedah nengga guru-guru Basa Inggris sanesipun pensiun rumiyen?
Kamangka guru-guru Basa Inggris taksih nem-nem sedaya, lajeng ingkang kaping
sekawan, menapa saged ing jaman samenika bilih guru ngajar boten ing
jurusanipun, berarti guru Basa Inggris SD kedah kuliah malih kangge mundhut
jurusan enggal supados saged ngajar malih.”. saking sekawan alesan Salsabila
menika, piyambakipun wanti-wanti kaliyan pandaftaran CPNS taun menika. Mila
boten aneh menawi pandaftar jabatan Instruktur
Bahasa ingkang dipunpundhut saking jurusan S1 Pendidikan Bahasa Inggris/ Sastra
Inggris menika kathah pandaftaripun.
Salsabila nambahi bilih
piyambakipun boten angsal tumut pandaftarn CPNS menika. Sekolah ingkang dados
papanipun Salsabila makarya boten maringi ijin bilih wonten ingkang daftar
CPNS. Mila piyambakipun ngatos-atos sanget anggenipun daftar CPNS menika.
Saking ngatos-ngatose, namanipun piyambak ingkang kaserat wonten ing papan
wewaran ingkang lolos seleksi administrasi
menika dipuncoret-coret kanthi boten katingal malih, supados boten wonten
ingkang mangertosi bilih piyambakipun tumut pandaftaran CPNS menika.
Salsabila dumugi
samenika taksih ngajar wonten sekolahan papanipun ngajar kados biasanipun.
Piyambakipun namung wanti-wanti menawi benjeng-benjeng kedah ‘mutung’ saking
prakaryanipun, piyambakipun sampun anggadhahi pilian sanes. Sinaosa boten dados
guru malih, ananging jaminanipun sampun cetha sae. Amarga jabatan Instruktur Bahasa menika badhe
dipunpapanaken wonten ing BLKPP Dinas
Tenaga kerja dan Transmigrasi.
Kulawarga Salsabila
wonten garwa saha putra 2 ingkang ageng piyambak taksih TK ageng. Pangasilan
saben wulan antawisipun Salsabila kaliyan garwanipun taksih kathah Salsabila.
Garwanipun Salsabila menika sampun boten saged daftar CPNS amargi yuswanipun sampun
boten jangkepi, menawi yuswanipun jangkepi, ananging Indeks Prestasi (IP) nalika kuliah ingkang boten jangkepi. Dados,
menika dados masalah kulawarga ingkang serius miturut Salsabila. Boten saged
menawi Salsabila mutung saking makarya, lajeng namung garwanipun ingkang pados
arta jangkepi kabetahan, kamangka putranipun kalih taksih alit-alit. Menawi
Salsabila pados lowongan ugi boten saged instan
langsung angsal prakaryan enggal. Kejaba saking sekolah, mliginipun saking
pemerintah, guru Basa Inggris ingkang dipunwedalaken saking sekolah menika
dipunparingi papan enggal piyambak-piyambak kadose adil.
Salsabila ngendika
bilih dumugi samenika piyambakipun namung saged usaha saha donga. Soal-soal
latian saha kisi-kisi saking Pemda sampun dipunpelajari dumugi samenika kangge
ngadhepi ujian CPNS tangga 3 November 2013 benjeng. Donga dinunga ugi
dipunsuwunaken wonten ing kulawarga ageng. (Fithria Nur Halimah-11205244024)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...