Yogyakarta
– Pandaftaran CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) tahun 2013 sampun dipunumumaken
dening Pemerintah Daerah, boten kesupen ugi Pemerintah Daerah Daerah Istimewa
Yogyakarta (Pemda DIY) ingknag samenika sampun ngedalaken pengumuman
pandaftaran CPNS menika. Pawarta menika ketingal sanget bilih dados waosan
paling nginggil wonten ing antawisipun masyarakat, utamanipun tiyang-tiyang
ingkang anggadhahi prakarya ingkang taksih jangkepi anggenipun tumut
pandaftaran CPNS menika. Bidang ingkang dipunbika inggih menika Tenaga Guru
ingkang dipunudhar dados 4 jabatan, Tenaga Kesehatan ingkang dipunudhar dados
13 jabatan, saha Tenaga Teknis ingkang dipunudhar dados 32 jabatan.
Pandaftaran CPNS wonten ing daerah Yogyakarta
dipunadakaken wonten ing Youth Centre Jl.
Kebon Agung, Tlogoadi, Mlati, Sleman. Jadwalipun dipunwiwiti saking pandftaran
inggih menika wiwit tanggal 5 September dumugi 19 September 2013.
Salajengipun jadwal pangempalan prasaratan saha verifikasi tanggal 5 September dumugi 20 September 2013. Lajeng samenika
sampun kalampahan wonten ing tahap salajengipun inggih menika pengumuman
ingkang lolos seleksi administrasi tanggal
24 September 2013 saha pamundhutan kartu ujian tanggal 25 dumugi 27 September
2013. Salajengipun inggih menika ujian ingkang dipunadakaken tanggal 3 November
2013, ananigng jadwal menika taksih saged gantos malih. Lajeng ingkang dados
pungkasaning reroncenipun pandaftaran CPNS inggih menika wewaranipun hasil
ujian ingkang sawetara dipunjadwalaken tanggal 14 Desember 2013.
Saking jadwal wonten ing inggil menika, samenika
sampun kalampahan dumugi wewaran hasil lolos administrasi saha pamudhutan kartu
ujian. Pandaftar ingkang lolos seleksi administrasi
kala wingi kacatet wonten 13.492 pandaftar, inggih menika 637 wonten ing bidang
Tenaga Guru, 3.098 wonten ing bidang Tenaga Kesehatan, saha 9.757 wonten ing
bidang Tenaga Teknis. Saking kathahipun pandaftar menika Pemda DIY sampun
maringi pirsa wiwit wewaran pandaftaran CPNS menika dipunwedalaken, bilih
ingkang dipunpundhut namung 120 tiyang kemawon. Jumlah menika saged dipunetang
bilih ingkang dipunpundhut namung 0,008% saking tiyang ingkang kadaftar dados
pandaftar CPNS samenika.
Saking asilpun wewaran kala wingi tanggal 27
September 2013 wonten pirang-pirang jabatan ingkang katingal boten wajar.
Tegesipun, antawisipun pandaftar saha ingkang dipunpundhut bedanipun jomplang
ageng sanget. Jomplangan ingkang katingal sanget inggih menika jabatan Instruktur Bahasa dipuntumuti 1.491
pandaftar ananing ingkang dipunpundhut namung 2 tiyang kemawon, lajeng wonten
ugi jabatan Penyuluhan Perindustrian dan
Perdagangan ingkang dipuntumuti 1.564
ananging ingkang dipunpundhut namung 3 tiyang kemawon, ugi sami kaliyan jabatan
Pemeriksa Pajak, Pranata Komputer, saha Perawat
D3 ingkang dipuntumuti langkung saking 1.000 pandaftar ananging namung
dipunpudhut paling kathah 5 tiyang.
Analisis samenika jomplang kaliyan jabatan sanesipun
ingkang dados kosokbalenipun. Kadosta jabatan Psikologi Klinis ingkang dipuntumuti dening 14 pandaftar lajeng
dipunpundhut 2 tiyang, lajeng jabatan Entomolog
Kesehatan ingkang dipuntumuti dening 8 pandaftar lajeng dipunpundhut 2
tiyang, saha ingkang pungkasan ingkang menawi saged dados kabegjanan kangge
ingkang daftar inggih menika jabatan Dokter
Spesialis Paru-paru ingkang namung
dipuntumuti dening satunggal pandaftar kamangka ingkang dipunpundhut ugi namung
satunggal tiyang. Pandaftar jabatan Dokter
Spesialis Paru-paru menika inggih menika Ngatwanto saking Bentak, Kec.
Sidoharjo, Kab. Sragen. (Fithria Nur Halimah-11205244024)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...