Kamis, 30 Januari 2014

K-Pop, BUDAYA ING MADYANING BUDAYA

Sinten ingkang boten mangertosi istilah K-Pop menika? K-Pop inggih menika genre utawi jenis musik saking Negara Gingseng, Korea, kadosta Boyband saha Girlband menika. Wonten malih istilah K-Popers, inggih menika istilah kangge tiyang-tiyang, wiwit alit saha dewasa ingkang kathah-kathaipun lare-lare nem, ingkang sami remen kaliyan Boyband saha Girlband saking Korea menika, utawi wastanan sanesipun inggih menika tiyang K-Pop. Boyband saha Gilrband inggih menika panembang lagu ingkang nembangaken lagu sareng-sareng saget tiyang 5 utawi langkung saking 10, saha nembangipun saweg beksan sareng-sareng,
tuladhanipun Boyband ShiNee, Boyband Exo, Girlband SNSD, Girlband F(x), saha Girlband 2NE1.

Istilah K-Pop wiwit tigang tahun kepungkur sampun wonten, ananging istilah menika nate dados momok ingkang gegeri nusantara wonten ing tahun 2012 kepungkur. Buktinipun inggih menika saking babagan entertainment Indonesia piyambak kathah ngedalaken Boyband saha Girlband, kadose saged sami kaliyan Korea saha boten keri ing jaman. Ananging momok menika sampun milai ical gegeripun, sinaosa taksih wonten tilasipun. Tilasipun menika taksih sami mawon kaliyan satunggal tahun kepungkur. Menawi nembe kemawon wonten tiyang ingkang dados K-Popers, tata cara piyambakipun taksih sami mawon kaliyan tiyang ingkang sampun dangu dados K-Popers. Tegesipun boten kok dados tiyang K-Pop menika kedah daftar rumiyen. Tegesipun inggih menika tiyang ingkang milai remen kaliyan K-Pop saha milai kepingin pirsa babagan K-Pop mila tiyang menika sampun milai mlebet wonten ing dunia K-Pop amargi salajengipun sampun mesti bilih tiyang menika bakal asring sanget madosi babagan ingkang gayut kaliyan Korea saha K-Pop. Dados kabudayan K-Pop menika ketingalipun anggadhahi kabudayan piyambak wonten ing antawisipun kathah kabudaya.
Tiyang K-Pop menika saged dipunwastani antawisipun remen saestu saha ‘korban mode’. Lare-lare nem sedayanipun sami bahas babagan Korea, Boyband saha Girlband ingkang sami dipunremeni, utawi bahas babagan video enggal ingkang kedah dipunpundhut saking internet. Tiyang K-Pop menika maringi istilah Fandom kangge mastani piyambakipun ngremeni Boyband utawi Girlband ingkang pundi utawi saged dipunwastani fansclub. Tuladhanipun Shawol inggih menika namanipun Fandom Boyband ShiNee, utawi namanipun tiyang ingkang remen kaliyan Boyband ShiNee, Exotic inggih menika namanipun Fandom Boyband Exo, saha Sone inggih menika namanipun Fandom Girlband SNSD. Menawi piyambakipun tumut kathat Fandom, mila dipunwastani Multifandom. Wonten malih wastanan sanesipun inggih menika Antifandom, menika istilah kangge mastani lare ingkang boten remen kaliyan Fandom sanesipun, tuladhanipun Anti Shawol, ingkang tegesipun tiyang K-Pop ananging boten remen kaliyan Boyband ShiNee.

Tiyang Multifandom menika ingkang kadose saged kawastanan rugi, sinaosa ingkang namung tumut satunggal Fandom ugi sami ruginipun. Rugi amargi menapa?? Amargi,  tiyang  K-Pop menika anggadhahi kabiasaan inggih menika ngoleksi perkawis-perkawis ingkang wonten gayutanipun kaliyan Korea. Wiwit saking album lagu, album foto, video klip, drama utawi film, poster, kipas, gantungan kunci, lightstick, kaos, saha aplikasi-aplikasi gadged kadosta theme. Menawi namung tumut satunggal Fandom, piyambakipun namung kedah ngoleksi perkawis-perkawis saking Fandom ingkang dipuntumuti kemawon. Ananging menawi piyambakipun dados Multifandom, mila saged dipunkinten-kinten kados pundi piyambakipun kedah ngoleksi kathah perkawis ingkang reginipun boten mirah menika. Tuladhanipun, album lagu menika kirang langkung reginipun Rp 200.000,00. Miturut tiyang K-Pop, ngoleksi perkawis-perkawis menika kedah dipuntumindakaken. Sinaosa ngoleksi perkawis menika kadosdene kawajiban, ananging boten jarang menawi tiyang K-Pop ingknag sampun dewasa saged matesi pundi ingkang kedah dipuntumindakaken ugi pundi ingkang boten dados kabetahanipun K-Popers. Ananging tiyang K-Pop ingknag nembe kemawon dados K-Popers menika boten jarang saged ngedalaken kathah arta saha tenaga kangge ngoleksi perkawis-perkawis K-Pop menika. Biasanipun tiyang K-Pop enggal menika taksih labil.

Saking kabiasaan menika, boten jarang tiyang K-Pop malah dadosaken menika usaha, tuladhanipun, persewaan VCD K-Pop, pemesenan perkawis-perkawis K-Pop utawi dados reseller, damel poster saha foto album saking koleksi foto ingkang dipunpundhut saking internet, saha usaha saensipun.
Wonten salah satunggal tiyang K-Pop ingkang taksih mahasiswa ngendika bilih piyambakipun sampun dados K-Pop wiwit 3 tahun kepungkur. Piyambakipun samenika sampun dados admin (tiyang ingkang anggadhahi hak ngatur media sosial) wonten ing jejaring sosial inggih menika Facebook. Piyambakipun sampun gadhah kirang langkung 30 koleksi film saha drama Korea, hasil saking usaha piyambak inggih menika nyewa dhateng rental VCD lajeng dipunsalin wonten ing VCD malih. Piyambakipun ugi bika usaha nyetak poster ingkang biasanipun dipuntawaraken dhateng tiyang K-Pop enggal, sinaosa damel posteripun dhateng percetakan ageng.
Kathah sanget ingkang saged dipunudhar saking kabudayan K-Pop. Tiyang K-Pop piyambak ugi wonten ing saben kutha, boten kajawi kutha Yogyakarta menika. Tiyang K-Pop Yogyakarta menika anggadhahi adicara tahunan inggih menika Korean Day. Wosipun inggih menika adicara ingkang ningalaken cover dance, inggih menika lare-lare ingkang saged nirukaken beksanipun Fandom ingkang dipuntumuti. Dados, piyambakipun ambeksan wonten ing nginggilipun papan adicara kadosdene Boyband saha Girlband ingkang dipunremeni. Wonten adicara menika biasanipun ugi wonten persewanan Hanbok utawi ageman khas korea lajeng saged foto-foto ngagem Hanbok menika. Adicara Korean Day menika dipunadani wonten ing pirang-pirang papan, saged wonten ing kampus-kampus utawi wonten ing peken ageng (Mall).
Tiyang K-Pop ugi boten kesupen madosi perkawis sanes saking babagan K-Pop, kadosta madosi papan dhaharan Korea saha toko ingkang sadean perkawis-perkawis Korea. Samenika wonten 3 ingkang sampun dipunmangertosi tiyang K-Pop ingkang papanipun wonten ing madyanipun kutha, inggih menika Mushiro wonten ing Jl. Gejayan gg. Alamanda, Michi Go ingkang nembe wulan Agustus 2013 menika dipunbika wonten ing Jl. Colombo, Samirono, saha Sila wonten ing Ring Road Utara. Papan sanesipun kadosta distro korea inggih menika Azian-Shop wonten ing Jl. Solo sangajengipun Ambarukmo Plaza.
Dereng pungkasan dumugi ngrika, tiyang K-Pop ketingal sibuk bilih wonten artis Korea konser wonten ing Indonesia. Piyambakipun kedah awas wonten ing jejaring sosial, wonten ugi ingkang sampun nyiapaken celengan kangge tumbas tiket konseripun sinaosa reginipun boten mirah utawi piyambakipun kedah jumeneng wonten ngajeng piyambak. Menawi ingkang tumut konser, biasanipun sami pesen lightstick ingkang reginipun dumugi kirang langkung Rp 300.000,00. Wonten ugi ingkang siap-siap wonten ing bandara kangge muruki artis idolanipun. Konser saking K-Pop ugi wonten bedanipun kaliyan konser-konser genre utawi jenis musik sanesipun. K-Pop langkung teratur, tiyang ingkang mirsani dipunparingi kursi ingknag tartata sae sahengga boten sami ruwet utawi ‘jontrok-jontrkoan’. Konsep konseripun ugi beda, K-Pop langkung megah, totalitas, saha ageng sanget. Lajeng konseripun dipunadani dening satunggal agency. Agency menika industri musik ingkang ngampu pirang-pirang Boyband saha Girlband. Dados, artis ingkang konser langkung kathah. Ananging boten jarang ugi artis menika damel konser tunggal ingkang ningalaken satunggal Boyband utawi Girlband kemawon.
Saking samaneka warna kebiasaan tiyang K-Pop, taksih dereng cekap semanten menawi kedah dipunudar. Ananging dumugi samenika, sampun ketingal sanget bilih budaya K-Pop ketingal dados budaya ing madyanipun budaya ingkang sampun wonten ing masyarakat samenika. K-Pop dados momok ingkang beda piyambak. Sinaosa pikantuk sambutan sae saking masyarakat kathah, ananging boten jarang wonten ugi ingkang boten remen. Miturut piyambak ingkang boten remen, tiyang K-Pop menika langkung kenes saha kakathahan tumindak ingkang neka-neka. Sinaosa mekaten, tetep kemawon bilih K-Pop taksih saged dipuntampi sinten kemawon. K-Pop sampun kados budaya piyambak wonten ing antawisipun budaya ingkang wonten ing sekitaripun.
Menawi dipuntandingaken kaliyan budaya-budaya ingakang wonten ing antawisipun tiyang nem samenika, kaosta, budaya Jawi amargi kita sami tiyang Jawi, budaya ngangge Basa Inggris supados ketingal gaul, utawi budaya Jepang, budaya K-Pop taksih dados budaya ingkang ageng saha ketingal sanget kawontenannipun. Sinaosa wonten kathah budaya ing antawisipun, ananging tiyang K-Pop taksih sami setia kaliyan K-Pop. (Fithria Nur Halimah-11205244024) 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...