Senin, 03 Februari 2014

TES SIDIK JARI MANGERTOSI BAKAT

Tes sidik jari minangka salah satunggaling tes kangge mangertosi bakat saben tiyang sampun kathah wonten ing wekdal samenika. Salah satunggaling instansi ingkang ngawontenaken inggih menika STIFIn. Kantor STIFIn Sleman wonten ing Ring Road ler, perempatan Kentungan. STIFIn anggadhahi konsep bilih bakat saben tiyang kapantha dados 5 kados dene otak tiyang inggih menika otak kiwa ngandhap, otak kiwa nginggil, otak tengen nginggil, ortak tengen ngandhap, saha otak tengah. Perangan otak pundi ingkang dominan piyambak menika nedhahaken bakatipun.

TEPANGAKEN, KULA IMA..

EH, EMA UGI SAGED...
Fithria Nur Halimah. Nama ingkang dipunpilih dening sapasang tiyang sepuh kangge maringi nama bayi alit ingkang lair wekdal magrib, sareng-sareng kaliyan takbiran dalu riyadi taun 1994 kepungkur menika. Anggadhahi teges, Fithria inggih menika ‘bocah suci ingkang lair wekdal Idul Fitri’, Nur inggih menika ‘cahya’, saha Halimah dipunpundhut saking namaning pengasuh Nabi Muhammad S.A.W. Dados, Fithria Nur Halimah tegesipun ‘cahya suci ingkang pinter ngayomi’. Nama ingkang endah. Saged dipuntimbali Ima. Inggih menika kula.

KHAYANGAN API, GENI ABADI

Sami kalian saben-saben dhaerah, Bojonegoro, salah satunggaling kabupaten wonten ing Jawa Timur ugi anggadhahi papan wisata piyambak. Papan wisata alami ingkang  dados andalan warga Bojonegoro menika mapan wonten ing Desa Sendangharjo, Kecamatan Ngasem. Papan wisata ingkang wonten ing tengahing alas menika kawastanan Khayangan Api, papaning geni abadi. Geni ingkang wonten ing Khayangan api ugi dados sumber geni ingkang ageng piyambak sa-Asia Tenggara saha boten saged pejah. Geni menika alami medal saking lebeting bumi.

BALON GAS ING GRIYA

Mangayubagya dinten ambal warsa kangge lare nem taksih dados tradisi. Kathah cara kangge damel acara ambal warsa. Asringipun gebyur toya saha tepung dhateng inggang ambal warsa, biasanipun ugi dipuntambah tigan. Acara sanes saged dipundamel kanthi paring roti tart nalika piyambakipun ingkang ambal warsa merem. Ugi saged dekorasi ruangan kanthi maneka warna hiasan. Nah, salah satunggaling hiasan inggih menika sebulan (balon). Sebulan ingkang biasa dipunginakaken wonten ing acara ambal warsa temtunipun sebulan ingkang saged miber. Ananing piranti kangge miberaken sebulan menika kadose awis saha boten kasade sembarangan.  Sinaosa mekaten kula saha panjenengan saged damel sebulan ingkang saged miber wonten ing griya piyambak.