Sami
kalian saben-saben dhaerah, Bojonegoro, salah satunggaling kabupaten wonten ing
Jawa Timur ugi anggadhahi papan wisata piyambak. Papan wisata alami
ingkang dados andalan warga Bojonegoro
menika mapan wonten ing Desa Sendangharjo, Kecamatan Ngasem. Papan wisata
ingkang wonten ing tengahing alas menika kawastanan Khayangan Api, papaning
geni abadi. Geni ingkang wonten ing Khayangan api ugi dados sumber geni ingkang
ageng piyambak sa-Asia Tenggara saha boten saged pejah. Geni menika alami medal
saking lebeting bumi.
Ahli
geologi pitados bilih geni ingkang medal wonten ing sitining Khayangan Api
menika kabentuk saking gas bumi ingkang papaninpun kirang saking 3.000 meter
wonten ing ngandhaping siti. Kabupaten Bojonegoro piyambak ugi dados dhaerah
pangasil minyak ingkang ageng piyambak se-Asia amargi sitinipun ngandhut minyak
bumi utawi dipunwastani Emas Hitam. Erick Firdaus, Kepala Bagian Sumber Daya
Alam, Bagian Penerangan Umum Kabupaten Bojonegoro medharaken bilih jaman rumiyen
nate wonten gempa bumi ageng ingkang dadosaken siti wonten ing Sendangharjo
retak. Dadosaken gas ingkang wonten ing lebeting bumi minggah lajeng nyebar
kalian udara sekitar. Wonten ing salah satunggaling dinten, petir nyamber
sumber gas menika lajeng dumugi samenika nyumbar saha boten saged pejah. Wisata
Khayangan Aapi dipuntitadosi dados papaning Mbah Kriya Kusumo utawi Mbah Pandhe
inggih menika tukang damel pusaka saking Kerajaan Majapahit. Wonten ing
kilenipun sumber geni Khayangan Api, wonten lumpur ingkang kadose umub,
ananging menawi dipuncepeng menika anyes. Menika lumpur belerang ingkang dumugi
samenika taksih dipunginakaken kangge ngumbah keris utawi pusaka-pusaka kados
dene Mbah Kriya rumiyen.
Khayangan
Api dados papan sakral miturut masarakat Bojonegoro umumipun, Sendangharjo
kususipun. Geni wonten ing Khayangan api boten saged asal dipunpundhut ananging
kedah ngawontenaken gendhing-gendhingan kadosta eling-eling, wani-wani, saha
gunungsari ingkang dados gendhing remenanipun Mbah Kriyo. Salah satunggaling
ritual wonten ing Khayangan Api inggih menika upacara Jumenengan Ngarsadalem
Hamengku Buwono X. Geni obor PON XV ugi dipunpundhut saking geni Khayangan Api.
Nate wonten panaliten (2011) wonten ing Khayangan api dening ahli arkeolog Universitas
Indonesia amargi juru kuncinipun nemokaken watu kathah ingkang kadose bentuk
pondasi. Sasampunipun dipungali, katingal pondasi (kados) candi.panaliten
menika taksih dereng rampung.
Kangge
mlebet wonten ing Khayangan Api kedah ngliwati alas saha marginipun tebih
saking dalemipun para warga. Wekdal samenika Khayangan Api sampun dipundandani
mawi gapura saha gazebo-gazebo utawi omah-omahan kados dene papan lesehan.
Sedaya titikan sejarah sampun dipunpageri saha dipunparingi tanda. Tiyang
ingkang rawuh wonten ing Khayangan Api boten namung turis lokal ananging ugi
turis manca.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...