Senin, 03 Februari 2014

TES SIDIK JARI MANGERTOSI BAKAT

Tes sidik jari minangka salah satunggaling tes kangge mangertosi bakat saben tiyang sampun kathah wonten ing wekdal samenika. Salah satunggaling instansi ingkang ngawontenaken inggih menika STIFIn. Kantor STIFIn Sleman wonten ing Ring Road ler, perempatan Kentungan. STIFIn anggadhahi konsep bilih bakat saben tiyang kapantha dados 5 kados dene otak tiyang inggih menika otak kiwa ngandhap, otak kiwa nginggil, otak tengen nginggil, ortak tengen ngandhap, saha otak tengah. Perangan otak pundi ingkang dominan piyambak menika nedhahaken bakatipun.
Urut-urutaning bakat saking 5 perangan otak inggih menika Sensing (ngandalaken memori), Thinking (pinter nganalisis), Intuiting (kreatif), Feeling (ginakaken emosi), saha Insting (saged wonten ing sedaya perkawis).
Ancasipun Tes STIFIn inggih menika mangertosi bakat, pakaryan menapa ingkang trep kaliyan bakat, saha sifatipun tiyang menika. Sedayanipun saged dipunmangertosi sasampunipun tes sidik jari lajeng katingal perangan otak pundi ingkang dominan.  Sasampunpun mengertosi perangan otak ingkang dominal, mila saged katingal bakatipun.
Tes STIFIn saged dipuntindakaken dening sedaya tiyang wiwit bayi dumugi ingkang sampun krama. Kathah-kathahipun ingkang ngatindakaken tes STIFIn menika saking tiyang ingkang sampun krama, ancasipun kangge mangertosi bakat saking larenipun supados gampil ngarahaken pawiyatan utawi jurusan wonten ing kuliahipun. Boten namung menika, tes STIFIn anggadhahi program kusus kangge tiyang ingkang sampun krama supados anggenipun nglampahi palakraman saged lancar saha boten asring krenengan. Amargi konsep STIFIn ugi ngrembag babagan chemistri saking 5 bakat menika.

Menapa bakatipun panjenengan?
(Fithria Nur Halimah-11205244024)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...