Senin, 03 Februari 2014

TEPANGAKEN, KULA IMA..

EH, EMA UGI SAGED...
Fithria Nur Halimah. Nama ingkang dipunpilih dening sapasang tiyang sepuh kangge maringi nama bayi alit ingkang lair wekdal magrib, sareng-sareng kaliyan takbiran dalu riyadi taun 1994 kepungkur menika. Anggadhahi teges, Fithria inggih menika ‘bocah suci ingkang lair wekdal Idul Fitri’, Nur inggih menika ‘cahya’, saha Halimah dipunpundhut saking namaning pengasuh Nabi Muhammad S.A.W. Dados, Fithria Nur Halimah tegesipun ‘cahya suci ingkang pinter ngayomi’. Nama ingkang endah. Saged dipuntimbali Ima. Inggih menika kula.

13 Maret 1994. Ibu ingkang asma Rufi’ah nangis wonten ing Rumah Sakit Bojonegoro mangertosi larenipun ingkang kaping tiga lair. Bapak ingkang asma Ma’sum maosaken adzan wonten ing kupingipun bayi menika. Kalih mbak yu ingkang asma Nila saha Dewi sami anjejeri ibu saha bapakipun.
Ibu bapak ngemong kula wonten griyanipun ing Desa Cendono, Kecamatan Padangan, Kabupaten Bojonegoro, Jawa Timur. Lingkungan sekitar inggih menika pasar. Ngajeng griya inggih menika pasar, malahan plataran ngajeng pager griya kula pas, menika dipunginakaken dening tiyang sadean. Boten tebih saking griya, wonten masjid ageng desa ingkang saben adzan mesthi kamireng dumugi griya. Wekdal magrib, sedaya lare alit saha nem sesarengan bidhal wonten ing masjid kanthi gegandhengan. Boten kajawi kula.
Sampun umur 4 taun, kula dipunsekolahaken wonten ing TK Cendana Murni wonten ing kelas nol kecil. Sampun minggah nol besar, kula boten nglajengaken TK malih, ananging langsung mlebet kelas 1 wonten ing SDN Cendono 445. Lulus saking SDN Cendono 445 kanthi 2 rapot inggih menika Rapot SDN Cendono 445 saha MI As-Salam Cepu (Madrasah Ibtidaiyah). Wekdal kelas 5, kula nate pindah pawiyatan wonten ing Cepu, Kabupaten Blora, amargi dipuntawari bapak jajal sekolah wonten ing Cepu, caket kaliyan pawiyatanipun bapak ngasta. Ananging boten betah lajeng wangsul malih wonten ing SDN Cendono 445. Inggih, bapak kula ngasta guru. Ugi ibu kula. Kekalihipun guru SD Cepu ingkang ngampu mata pelajaran Agama Islam.
Lulus saking SD, kula nglejengaken pawiyatan wonten ing MTsN II Padangan (Madarasah Tsanawiyah). Pawiyatan wonten ing kecamatan. Dumugi tigang taun wonten ing pawiyatan menika. Lajeng nglajengaken pawiyatan wonten ing Kabupaten inggih menika MAN 1 Model Bojonegoro (Madarasah Aliyah Negeri).  Dumugi ing pawiyatan tingkat SMA sadrajat, ameh saben sekolah kula wonten gandheng cenengipun kaliyan babagan agama, sinaosa lulus saking SDN.
Mlebet ing pawiyatan ingkang langkung inggih inggih menika kuliah, kula nate badhe daftar Universitas Islam Negeri, kadose jangkep anggenipun sinau wonten ing pawiyatan ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan agama. Ananging boten. Target utama inggih menika Universitas Negeri Yogyakarta. Lajeng kula lolos wonten ing ngrika kanthi jalur Seleksi Mandiri. Mlebet wonten ing jurusan pilihan tiyang sepuh kakalih, boten kula pilih, inggih menika Pendidikan Bahasa Jawa. Mlebet wonten ing kelas G angkatan 2011, kula tepang kaliyan kanca-kanca ingkang caket kaliyan kula. Antawisipun inggih menika Dian Inggar, Malda, Evin, Indri, Mbak Siti, Santi, Dhenok, Nisa, Reza, Ani, Vivi, Nahrul, Fadil, saha Afif.
Wonten ing kuliah, kula tumut Unit Kegiatan Mahasiswa (UKM) Karate “INKAI” UNY. Satunggal semester wonten ing ngrika, kula kadhapuk dados pengurus UKM Karate periode 2012 kanthi jabatan seksi Unit Usaha. Boten namung organisasi kampus, kula nggadhahi Organisasi Mahasiswa Daerah (Ormada). Ormada asring dipunwastani organisasi ilegal amargi boten cetha anggenipun jumeneng. Boten hukum ananging adhdhasar dhaerah piyambak-piyambak saha anggadhahi ancas kangge kontribusi penuh dhateng dhaerah asal. Ormada kula kawastanan Imago (Ikatan Mahasiswa Bojonegoro-Yogyakarta). Sami kaliyan karate, satunggal semester kula wonten ing Imago, kula kadhapuk wonten ing Pengurus Harian Imago periode 2012-2013 kanthi jabatan Bendahara I.
Titah kula wonten ing organisasi kathah cariosipun. Semangat kula wonten ing organisasi langkung inggil sanget, boten nyangka bilih ternyata kula remen sanget kaliyan organisasi. Semester kalih, kula nate lali kuliah saha kalewat wates anggenipun organisasi, ananging namung setengah semester lajeng kula saeni malih kuliahipun. Sedaya titah kula wonten ing organisasi boten sami kaliyan dukungan intern inggih menika kulawarga. Miturut ibu, organisasi boten wigati, ganggu, boten kangge, saha boen usah organisasi. Namung saking satunggal argumen menika, sedaya titah kula wonten ing organisasi kaganggu. Sinaosa kula tetep nekad amargi kula sampun remen sanget. Basa Indonesianipun jatuh cinta pada pandangan pertama. Miturut ibu, ingkang wigati inggih menika kuliah, biji sae, lulus cepet, lajeng kerja. Doktrin menika dipuntuturaken dhateng kula saben-saben wekdal. Sinaosa mekaten, kula tetep organisasi.
Ananging, karemenan kula dhateng organisasi kedah mandheg. Ibu taksih boten ngrestui kula organisasi, dipuntambah malih wonten perkawis ala ingkang nimpa kula ingkang kadadean saweg ing rapat organisasi, perkawis menika dados kunci utama kangge ibu nglarang kula organisasi. Sampun jeleh kula krungu organisasi kula dipunala-alakaken, kula leren organisasi wonten ing semester 4 dumugi 5. Supados ibu boten ngala-ala malih organisasi kula, saha kula saged nglulu atining ibu. Mlebet semester 6, kula  sampun mangertosi bilih kula (mesthi) kedah organisasi malih. Leres. Wonten timbalan saking UKM Karate malih. Semester 6 kula tumut organisasi malih wonten ing UKM Karate periode 2014 kanthi jabatan Sekretaris. Ananing kula ngrahasiakaken saking kulawarga saha sedaya kanca-kanca kula.
Babagan pakaryan. Dumugi samenika, boten wonten cita-cita ingkang pasti. Kula boten anggadhahi cita-cita. Sasampunipun lulus samangke, kula ugi boten badhe dados guru. Dados, wiwit samenika (leresipun wiwit taksih MAN) kula sampun mikir badhe makarya menapa sasampunipun lulus benjang. Ananging taksih dereng angsal wangsulanipun. Kula anggadhahi gambaran badhe buka LSM (Lembaga Sosial Masyarakat), dojo kangge latian karate, utawi restoran amargi kula remen wisata kuliner sinambi kuliah. Ananging menawi dipuntimbang-timbang malih, sedayanipun boten mungkin saha dereng wonten presentase ingkang trep kangge mujudaken. Menawi sasampunipun kuliah kok kula boten wangsul griya, tegesipun boten gesang bebrayan wonten desa, kula badhe matur Bu Venny, salah satunggaling dosen jurusan kula, bilih kula remen mata kuliah Filologi, nyuwun tulung kula dipunbimbing kangge makarya wonten ngrika, langkung-langkung kula saged nglajengaken kuliah wonten ing jurusan Paleografi lajeng dados ahli arkeolog utawi penerjemah aksara. Ananing wonten tembok ingkang kandel saha inggil sanget kangge kula saged nglampahi nasib kula inggih menika gesang bebrayan wonten ing dhaerah asal.
Amargi kula lare bungsu.

Taksih dereng wonten pungkasaning saking carios kula. Amargi kula taksih gesang saha dereng lulus kuliah. Kula semester 6. Nama kula Ema, nama ingkang kula tepangaken dhateng kanca-kanca MAN dumugi kuliah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...