Mangayubagya dinten ambal warsa kangge lare nem
taksih dados tradisi. Kathah cara kangge damel acara ambal warsa. Asringipun
gebyur toya saha tepung dhateng inggang ambal warsa, biasanipun ugi dipuntambah
tigan. Acara sanes saged dipundamel kanthi paring roti tart nalika piyambakipun ingkang ambal warsa merem. Ugi saged
dekorasi ruangan kanthi maneka warna hiasan. Nah, salah satunggaling hiasan
inggih menika sebulan (balon). Sebulan ingkang biasa dipunginakaken wonten ing
acara ambal warsa temtunipun sebulan ingkang saged miber. Ananing piranti
kangge miberaken sebulan menika kadose awis saha boten kasade sembarangan. Sinaosa mekaten kula saha panjenengan saged
damel sebulan ingkang saged miber wonten ing griya piyambak.
Bahan
ingkang dipunperlokaken inggih menika:
1. Botol kaca, utawi botol bekas sirup
2. Wadhah plastik
kangge nganyesaken botol, utawi toples plastik
3. Caustic soda/soda api
(NaOH) saged dipunpundhut wonten ing toko pertanian utawi sanesipun
4. Aluminium foil
5. Sebulan
6. Toya
7. Tali, benang, utawi karet
Caranipun
damel kados mekaten:
1. Paringana wadhah plastik mawi toya dumugi
sepalihipun
2. Paringana botol mawi caustic soda kinten-kinten 2-3 sendhok dhahar lajeng paringi toya
dumugi sepalihipun
3. Remes-remes aluminium
foil kinten-kinten 10-20 cm lajeng lebetaken wonten ing botol
4. Tutup botol mawi sebulan
5. Rendem botol wonten ing wadhah plastik
6. Sasampunipun sebulan ngembang utawi kaisi angin,
pundhut sebulanipun lajeng tali mawi tali, benang, utawi karet
Saged damel pinten-pinten sebulan ingkang saged
miber kanthi cara gampil saha boten awis. Sumangga dipuncobi. Sugeng ambal
warsa…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...