Istilah
Eksim (eczema) utawi Desmatitis inggih menika istilah dokter
kangge mastani radang kulit inggih menika kulit dados abrit saha gatel. Eksim
inggih menika salah satunggaling alergi ingkang dipunturunaken dhateng anak
utawi biasanipun putu ananging boten nular dhateng tiyang sanes. Penyebab Eksim
antawisipun amargi kulit lembab saha sistem imun
(kekebalan tubuh) ingkang kirang.
Ananging miturut dokter, penyebab Eksim saben tiyang beda-beda, saged ugi
amargi stress utawi kathah pikiran. Gejala eksim ingkang sapisan inggih menika
gatel. Gatel ingkang sanget. Gatel menika kadang-kadang saderengipun kulit
dados abrit. Lajeng kulit karaos kering saha kandel.
Blog anggitaning Fithria Nur Halimah, mahasiswa jurusan Pendidikan Basa Jawa UNY. Kangge jangkepi tugas Mata Kuliah Jurnalistik Jawa. Sumangga...
Senin, 03 Februari 2014
PROGRAM KERJA TAUNAN
Ormada Lomba Buka Lapak
Bojonegoro – Organisasi
Mahasiswa Daerah utawi ingkang kawastanan Ormada inggih menika organisasi
ingkang ngemot para mahasiswa saking satunggal dhaerah. Kathah-katahipun saben
Perguruan Tinggi anggadhahi Ormada saking pinten-pinten dhaerah. Salah
satunggaling Ormada ingkang kathah kasebar wonten pinten-pinten Perguruan
Tinggi inggih menika saking dhaerah Bojonegoro. Wonten ing Institut Teknologi
Sepuluh November, mahasiswa saking Bojonegoro kaimpun wonten ing Ormada ingkang
kawastanan Forbits (Forum Bocah Bojonegoro Institut Teknologi Sepuluh November).
Nama menika beda kaliyan mahasiswa saking Bojonegoro ingkang kuliah wonten ing
Universitas Brawijaya ingkang kawastanan BSB (Brawijaya Student of Bojonegoro) saha Universitas Negeri Malang
ingkang kawastanan (Himpunan Mahasiswa Bojonegoro).
KARATE, UJIAN KYU DAMEL IREN
Jogja– Minggu,
22 Desember 2013, wonten ing gedhung BPKB (Balai Pengembangan Kegiatan Belajar)
Jogja, dipunwontenakaken ujian penurunan Kyu kangge para karateka (sebataning
anggota karate). Ujian penurunan Kyu inggih menika ujian gantos tingkatan sabuk
karate. Ujian menika dipunwontenaken dening Pengprov (Pengurus Provonsi) DIY sasaranipun
para karateka INKAI (Institut Karate-do Indonesia) sa-DIY. Pasarta ujianipun wonten
400 karateka wiwit saking sabuk pethak dumugi coklat ingkang dipunuji dening
sabuk cemeng. Ujian ingkang dipunwontenken saben 6 wulan sapisan menika
dipunpandegani dening Khaerina Harsamurti,
TES SIDIK JARI MANGERTOSI BAKAT
Tes sidik jari
minangka salah satunggaling tes kangge mangertosi bakat saben tiyang sampun
kathah wonten ing wekdal samenika. Salah satunggaling instansi ingkang
ngawontenaken inggih menika STIFIn. Kantor STIFIn Sleman wonten ing Ring Road
ler, perempatan Kentungan. STIFIn anggadhahi konsep bilih bakat saben tiyang
kapantha dados 5 kados dene otak tiyang inggih menika otak kiwa ngandhap, otak
kiwa nginggil, otak tengen nginggil, ortak tengen ngandhap, saha otak tengah.
Perangan otak pundi ingkang dominan piyambak menika nedhahaken bakatipun.
TEPANGAKEN, KULA IMA..
EH, EMA UGI SAGED...
Fithria Nur
Halimah. Nama ingkang dipunpilih dening sapasang tiyang sepuh kangge maringi
nama bayi alit ingkang lair wekdal magrib, sareng-sareng kaliyan takbiran dalu
riyadi taun 1994 kepungkur menika. Anggadhahi teges, Fithria inggih menika ‘bocah
suci ingkang lair wekdal Idul Fitri’, Nur inggih menika ‘cahya’, saha Halimah
dipunpundhut saking namaning pengasuh Nabi Muhammad S.A.W. Dados, Fithria Nur
Halimah tegesipun ‘cahya suci ingkang pinter ngayomi’. Nama ingkang endah. Saged
dipuntimbali Ima. Inggih menika kula.
KHAYANGAN API, GENI ABADI
Sami
kalian saben-saben dhaerah, Bojonegoro, salah satunggaling kabupaten wonten ing
Jawa Timur ugi anggadhahi papan wisata piyambak. Papan wisata alami
ingkang dados andalan warga Bojonegoro
menika mapan wonten ing Desa Sendangharjo, Kecamatan Ngasem. Papan wisata
ingkang wonten ing tengahing alas menika kawastanan Khayangan Api, papaning
geni abadi. Geni ingkang wonten ing Khayangan api ugi dados sumber geni ingkang
ageng piyambak sa-Asia Tenggara saha boten saged pejah. Geni menika alami medal
saking lebeting bumi.
BALON GAS ING GRIYA
Mangayubagya dinten ambal warsa kangge lare nem
taksih dados tradisi. Kathah cara kangge damel acara ambal warsa. Asringipun
gebyur toya saha tepung dhateng inggang ambal warsa, biasanipun ugi dipuntambah
tigan. Acara sanes saged dipundamel kanthi paring roti tart nalika piyambakipun ingkang ambal warsa merem. Ugi saged
dekorasi ruangan kanthi maneka warna hiasan. Nah, salah satunggaling hiasan
inggih menika sebulan (balon). Sebulan ingkang biasa dipunginakaken wonten ing
acara ambal warsa temtunipun sebulan ingkang saged miber. Ananing piranti
kangge miberaken sebulan menika kadose awis saha boten kasade sembarangan. Sinaosa mekaten kula saha panjenengan saged
damel sebulan ingkang saged miber wonten ing griya piyambak.
Langganan:
Postingan (Atom)