Senin, 03 Februari 2014

AREK BOJONEGORO DADOS REKTOR

Desa Dolokgede, Kecamatan Tambakrejo, Kabupaten Bojonegoro, Jawa Timur
ing taun 1962 dereng anggadhahi listrik. Nembe taun 1994 desa menika dipunaliri listrik. Dumugi samenika desa menika taksih katingal kirang, sitinipun taksih gersang, arang wit-witan sinaosa sakitaripun kathah alas. Satunggal bangunan enggal ingkang nembe dipunbangun wonten ngrika inggih menika Gedung Olah Raga (GOR) serba guna. Wonten desa menika Pratikno mijil.
Pratikna mijil wonten ing Bojonegoro, 13 Februari 1962. Sekolah Dasaripun wonten ing griyanipun kepala desa wekdal rumiyen. Saking 13 rencang SD-nipun, namung Pratikno ingkang nglajengaken SMP saha SMA. Piyambakipun anggadhahi kapinginan dados Sekda (Sekretaris Daerah) mila piyambakipun nglajengaken kuliah wonten ing jurusan Ilmu Pemerintahan. Piyambakipun lulus dados sarjana saking Universitas Gadjah Mada (UGM) taun 1985. Boten cekap semanten, Pratikno nglajengaken S2 wonten ing Inggris, Department of Development, University of Birmingham saha S3 wonten ing Department of Asian Studies, Flinders University of South Australia.
Sasampunipun pados elmu wonten ing manca, Pratikno wangsul Indonesia mawi nama enggal inggih menika Prof. Dr. Pratikno, M. Soc. Sc.. Lajeng dados dosen saha Dekan wonten ing Fakultas Ilmu Sosial dan Politik UGM. Titahipun Pratikno tambah ageng. wonten ing Majelis Wali Amanat (MWA) UGM piyambakipun kapilih dados Rektor UGM periode 2012-2017. Orasi ingkang dipunucapaken wekdal kapilih inggih menika janji ngawal proses demokratisasi saha dadosaken UGM papan rujukan kangge kamajengan bangsa.

Sinaosa kathah kagiyatan kalian UGM, Sultah Hamengku Buwono, saha pejabat sanesipun, Pratikno taksih anggadhahi organisasi alit binaanipun piyambak inggih menika LSM Ademos (Asosiasi untuk Demokrasi dan Kesejahteraan Sosial) ingkang mapan wonten ing Desa Dolokgede, Bojonegoro saha Organisasi Mahasiswa Daerah Imago (Ikatan Mahasiswa Bojonegoro-Yogyakarta) ingkang mapan wonten ing Yogyakarta. Kalih organisasi alit menika dipundadosaken prantaraning Pratikno kalian papaning mijil inggih menika Kabupaten Bojonegoro. Kalih organisasi menika anggadhahi ancas kangge kontribusi dhateng Kabupaten Bojonegoro supados langkung majeng. LSM Ademos piyambak samenika sampun makarya sarengan kalian Pertamina.
Kapedulenan Pratikno dhateng Bojonegoro katingal sanget. Piyambakipun prihatin dhateng Bojonegoro wekdal wangsul saking dados sarjana amargi desanipun dereng wonten listrik. Mila Pratikno kepingin majengaken Bojonegoro. Boten namung mawi damel organisasi alit, Pratikno ugi damel seminar pendidikan wonten ing Bojonegoro kanthi pamedhar sabdanipun Bupati Bojonegoro saha pasertanipun Dinas Bojonegoro, guru, saha Organisasi-Organisasi Mahasiswa Daerah Bojonegoro ingkang wonten ing pinten-pinten dhaerah.
Pratikno ingkang sampun biasa mandiri wiwit alit menika dados kabanggan masarakat Bojonegoro. Dados pralambanging masarakat Bojonegoro kangge saged majeng. Ugi mekaten kangge lare-lare Imago ingkang asring kepanggih saha diskusi kalian piyambakipun.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

mangga komentar, ananging ampun ginakaken basa ingkang saru nggih...