Bantul – Tanggal 8-9 Februari 2014 Unit Kegiatan Mahasiswa
Karate “INKAI” Universitas Negeri Yogyakarta (UKM Karate) ngawontenaken Pembekalan dan Pemantapan Pengurus utawi
ingkang kawastanan P3 wonten ing Wisma Anoman, Parangtritis, Yogyakarta. Acara
P3 inggih menika acara pelantikan pengurus enggal dening pengurus lami UKM
Karate. P3 menika kalebet program kerja pengurus UKM Karate ingkang sampun lengres nalika Musyawarah Anggota
tanggal 28 Desember 2013, ateges ingkang ngawontenaken saha mandegani acara
inggih menika pengurus lami UKM Karate ingkang boten kalebet wonten ing
kapengurusan malih.
Blog anggitaning Fithria Nur Halimah, mahasiswa jurusan Pendidikan Basa Jawa UNY. Kangge jangkepi tugas Mata Kuliah Jurnalistik Jawa. Sumangga...
Senin, 21 Juli 2014
Senin, 03 Februari 2014
ECZEMA
Alergi ingkang Dipunturunaken
Istilah
Eksim (eczema) utawi Desmatitis inggih menika istilah dokter
kangge mastani radang kulit inggih menika kulit dados abrit saha gatel. Eksim
inggih menika salah satunggaling alergi ingkang dipunturunaken dhateng anak
utawi biasanipun putu ananging boten nular dhateng tiyang sanes. Penyebab Eksim
antawisipun amargi kulit lembab saha sistem imun
(kekebalan tubuh) ingkang kirang.
Ananging miturut dokter, penyebab Eksim saben tiyang beda-beda, saged ugi
amargi stress utawi kathah pikiran. Gejala eksim ingkang sapisan inggih menika
gatel. Gatel ingkang sanget. Gatel menika kadang-kadang saderengipun kulit
dados abrit. Lajeng kulit karaos kering saha kandel.
PROGRAM KERJA TAUNAN
Ormada Lomba Buka Lapak
Bojonegoro – Organisasi
Mahasiswa Daerah utawi ingkang kawastanan Ormada inggih menika organisasi
ingkang ngemot para mahasiswa saking satunggal dhaerah. Kathah-katahipun saben
Perguruan Tinggi anggadhahi Ormada saking pinten-pinten dhaerah. Salah
satunggaling Ormada ingkang kathah kasebar wonten pinten-pinten Perguruan
Tinggi inggih menika saking dhaerah Bojonegoro. Wonten ing Institut Teknologi
Sepuluh November, mahasiswa saking Bojonegoro kaimpun wonten ing Ormada ingkang
kawastanan Forbits (Forum Bocah Bojonegoro Institut Teknologi Sepuluh November).
Nama menika beda kaliyan mahasiswa saking Bojonegoro ingkang kuliah wonten ing
Universitas Brawijaya ingkang kawastanan BSB (Brawijaya Student of Bojonegoro) saha Universitas Negeri Malang
ingkang kawastanan (Himpunan Mahasiswa Bojonegoro).
KARATE, UJIAN KYU DAMEL IREN
Jogja– Minggu,
22 Desember 2013, wonten ing gedhung BPKB (Balai Pengembangan Kegiatan Belajar)
Jogja, dipunwontenakaken ujian penurunan Kyu kangge para karateka (sebataning
anggota karate). Ujian penurunan Kyu inggih menika ujian gantos tingkatan sabuk
karate. Ujian menika dipunwontenaken dening Pengprov (Pengurus Provonsi) DIY sasaranipun
para karateka INKAI (Institut Karate-do Indonesia) sa-DIY. Pasarta ujianipun wonten
400 karateka wiwit saking sabuk pethak dumugi coklat ingkang dipunuji dening
sabuk cemeng. Ujian ingkang dipunwontenken saben 6 wulan sapisan menika
dipunpandegani dening Khaerina Harsamurti,
TES SIDIK JARI MANGERTOSI BAKAT
Tes sidik jari
minangka salah satunggaling tes kangge mangertosi bakat saben tiyang sampun
kathah wonten ing wekdal samenika. Salah satunggaling instansi ingkang
ngawontenaken inggih menika STIFIn. Kantor STIFIn Sleman wonten ing Ring Road
ler, perempatan Kentungan. STIFIn anggadhahi konsep bilih bakat saben tiyang
kapantha dados 5 kados dene otak tiyang inggih menika otak kiwa ngandhap, otak
kiwa nginggil, otak tengen nginggil, ortak tengen ngandhap, saha otak tengah.
Perangan otak pundi ingkang dominan piyambak menika nedhahaken bakatipun.
TEPANGAKEN, KULA IMA..
EH, EMA UGI SAGED...
Fithria Nur
Halimah. Nama ingkang dipunpilih dening sapasang tiyang sepuh kangge maringi
nama bayi alit ingkang lair wekdal magrib, sareng-sareng kaliyan takbiran dalu
riyadi taun 1994 kepungkur menika. Anggadhahi teges, Fithria inggih menika ‘bocah
suci ingkang lair wekdal Idul Fitri’, Nur inggih menika ‘cahya’, saha Halimah
dipunpundhut saking namaning pengasuh Nabi Muhammad S.A.W. Dados, Fithria Nur
Halimah tegesipun ‘cahya suci ingkang pinter ngayomi’. Nama ingkang endah. Saged
dipuntimbali Ima. Inggih menika kula.
KHAYANGAN API, GENI ABADI
Sami
kalian saben-saben dhaerah, Bojonegoro, salah satunggaling kabupaten wonten ing
Jawa Timur ugi anggadhahi papan wisata piyambak. Papan wisata alami
ingkang dados andalan warga Bojonegoro
menika mapan wonten ing Desa Sendangharjo, Kecamatan Ngasem. Papan wisata
ingkang wonten ing tengahing alas menika kawastanan Khayangan Api, papaning
geni abadi. Geni ingkang wonten ing Khayangan api ugi dados sumber geni ingkang
ageng piyambak sa-Asia Tenggara saha boten saged pejah. Geni menika alami medal
saking lebeting bumi.
BALON GAS ING GRIYA
Mangayubagya dinten ambal warsa kangge lare nem
taksih dados tradisi. Kathah cara kangge damel acara ambal warsa. Asringipun
gebyur toya saha tepung dhateng inggang ambal warsa, biasanipun ugi dipuntambah
tigan. Acara sanes saged dipundamel kanthi paring roti tart nalika piyambakipun ingkang ambal warsa merem. Ugi saged
dekorasi ruangan kanthi maneka warna hiasan. Nah, salah satunggaling hiasan
inggih menika sebulan (balon). Sebulan ingkang biasa dipunginakaken wonten ing
acara ambal warsa temtunipun sebulan ingkang saged miber. Ananing piranti
kangge miberaken sebulan menika kadose awis saha boten kasade sembarangan. Sinaosa mekaten kula saha panjenengan saged
damel sebulan ingkang saged miber wonten ing griya piyambak.
Kamis, 30 Januari 2014
WhatsApp BALI WhatsApp JAWA?
Bali,
Pulau Dewata, Permata Indonesia utawi ingkang dipunwastani ugi Paris Indonesia.
Pulau ingkang saben-saben papan inggih menika wisata. Pulau alit ingkang wonten
ing wetanipun Jawa ananing masarakatipun kathah sanget, boten kajawi turis ugi,
turis domenstik utawi turis manca. Pulau ingkang pitadosanipun kathah-kathahipun
inggih menika Hindu, saged katingal sanget saking budaya ingkang wonten ngrika.
Kadosta, maringi sajen wonten ing ngajengan, ngajeng toko, dalem, panggung,
kampus, utawi ngajengan papan sanesipun. Bangunan-bangunanipun ugi taksih
kenthel sanget kalian hindu.
NELANGSANE GURU BASA INGGRIS SD
Wewaran asilipun
ingkang lolos seleksi pandaftaran CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) taun 2013
sampun medal wonten ing tanggal 24 September 2013 kala wingi. Asilipun inggih
menika 637 pandaftar wonten ing bidang Tenaga Guru, 3.098 pandaftar wonten ing
bidang Tenaga Kesehatan, saha 9.757 pandaftar wonten ing Tenaga Teknis, ingkang
dipunetang dados 13.492 pandaftar. Pengumuman menika katingal jomplang menawi
dipuntingali saking kathahipun tiyang ingkang dipunpundhut dening Pemerinteh
Daerah Daerah Istimewa Yogyakarta (Pemda DIY) inggih menika namung 120 tiyang.
'JOMPLANGANING' PENDAFTARAN CPNS 2013
Namung dipunpundhut 0,008% saking kathahipun pandaftar
Yogyakarta
– Pandaftaran CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil) tahun 2013 sampun dipunumumaken
dening Pemerintah Daerah, boten kesupen ugi Pemerintah Daerah Daerah Istimewa
Yogyakarta (Pemda DIY) ingknag samenika sampun ngedalaken pengumuman
pandaftaran CPNS menika. Pawarta menika ketingal sanget bilih dados waosan
paling nginggil wonten ing antawisipun masyarakat, utamanipun tiyang-tiyang
ingkang anggadhahi prakarya ingkang taksih jangkepi anggenipun tumut
pandaftaran CPNS menika. Bidang ingkang dipunbika inggih menika Tenaga Guru
ingkang dipunudhar dados 4 jabatan, Tenaga Kesehatan ingkang dipunudhar dados
13 jabatan, saha Tenaga Teknis ingkang dipunudhar dados 32 jabatan.
K-Pop, BUDAYA ING MADYANING BUDAYA
Sinten
ingkang boten mangertosi istilah K-Pop menika? K-Pop inggih menika genre utawi jenis musik saking Negara
Gingseng, Korea, kadosta Boyband saha Girlband menika. Wonten malih istilah
K-Popers, inggih menika istilah kangge tiyang-tiyang, wiwit alit saha dewasa
ingkang kathah-kathaipun lare-lare nem, ingkang sami remen kaliyan Boyband saha
Girlband saking Korea menika, utawi wastanan sanesipun inggih menika tiyang
K-Pop. Boyband saha Gilrband inggih menika panembang lagu ingkang nembangaken
lagu sareng-sareng saget tiyang 5 utawi langkung saking 10, saha nembangipun
saweg beksan sareng-sareng,
'JONTROK-JONTROKANING' PEKEN ELEKTRONIK
Sampun
sami dipunmangerteni bilih wonten pirang-pirang piranti rumahtangga kadosta TV,
kulkas, saha mesin cuci, ingakng nyerat merk
kadosta Sharp, Toshiba, saha Panasonic ingkang sedayanipun dipundamel dening Negari
Jepang. Negara Jepang menika kathah-kathahipun damel piranti otomotif saha elektronik. Ananging samenika piranti Jepang sampun wiwit
dipungusur dening tangganipun inggih menika Negari Korea. Korea samenika samput
miwiti jumengen kaliyan piranti elektronikipun.
Boten namung piranti rumahtangga kemawon, Korea ugi wiwit amenangi wonten ing
babagan budaya inggih menika budaya ingkang kawastanan K-Pop. Sinaosa damelan
Jepang taksih nggadhahi kwalitas saha
papan piyambak wonten ing masyarakat Indonesia, ananging Korea
Langganan:
Postingan (Atom)